var adfly_protocol = 'https'; var popunder = true;

Tuesday, June 13, 2017

Janturan Jejer Kayangan






Swuh rep data pitana.
Swuh werdine dadi, rep hanenggih swasana
tentrem data hanggayuh, pitana luhur. Dadya tentrem
lamun hangesti luhuring kagunan, punika sesanti
 purwaning carita kinarya hamiwiti pagelaran
wayangpurwa.
Wayang pasemon sembahyang, purwa tegese
wiwitan sasmita purwaning lelakon hing jagad
gumelar, ingkang dhuk kunane Nabi Adam klawan
ibu Khawa ingkang minangka lajering janma
hamiwiti lelampahan hing madyapada.
Adam cinipta saking anasir patang prakara,
 bumi, geni, bayu lan banyu, wondene ibu Khawa
cinipta saking iga wekas nulya dadya jatukrama
dumunung aneng swarga loka. Anyarkara nyarengi
sang Adam Khawa karonsih, iblis ijajil ratuning


 panggodha sigra maeka srana woh Kuldi. Sang andon
asmara gya kalimput handhahar woh memala temah
kekalihira kadunungaken ing madyapada kinarya
hamiwiti gesanging janma ing jagad raya.
Mangkana sang Adam dhumawah ing tanah suci
ibu Khawa manggen ing tanah Hindhi. Kalih ewu
warsa gya pinanggih ing ara-ara Arofah, punika
 purwaning dumadi temah dadya kumrembyah putra
wayah buyut klawan canggah.
Anut ujaring kandha babaring serat Purwakandha
 pustaka Darya, Nabi Adam peputra Nabi Sis. Sis
hanggarwa Siti Mulat nulya peputra Sang Hyang
 Nurcahya inggih Sayid Anwar. Nurcahya hanggarwa
dewi nur Siti Saras nulya peputra tiga nenggih
Darmajaka, Purbawasesa, Sanghyang Wenang
Jatiwasesa tuwin Sanghyang Taya Pramanawisesa.
Syanghyang Wenang hanggarwa Dewi Saheti
nulya peputra tiga nenggih Bathara Senggana,


Bathara Heramaya tuwin Sanghyang Tunggal.
Sanghyang Tunggal hanggarwa Dewi Rekathawati
ugi peputra tiga anenggih Bathara Antaga, Bathara
 Ismaya tuwin Sanghyang  Manikmaya
.
 Sanghyang Manikmaya hanggarwa Dewi Umaranti peputra
Bathara Pancadewa nenggih Hyang Sambo, Bathara
Brama, Sanghyang Indra
,
 Bathara Prabancana tuwin
Sanghyang Wisnu.
Sanghyang Brahma hanggarwa Dewi Saci nulya
 peputra Bathara Bremana, Bathara Bremani, Bethara
 Naricibrama dalah Sanghyang Niradhabrama.
Bathara Bremana hanggarwa Dewi Srihunon peputra
Prabu Tritrustha. Prabu Tritrustha klawan garwa
Dewi Widayat peputra Prabu Pcrikenan. Prabu
Parikenan Dewi Brahmaneki peputra Resi
Manumayasa. Resi Kamunayasa Dewi Kaniraras
 peputra Raden Kalingga inggih Bambang Sekutrem.
Sekutrem Dewi Nilawati peputra Bambang Sakri



Sumber : Janturan Jangkep Wayang Purwo

No comments:

Post a Comment

Promo

Promo
discount
var adfly_protocol = 'https'; var popunder = true;