var adfly_protocol = 'https'; var popunder = true;

Tuesday, June 13, 2017

Janturan Ngestina

Swuh rep data pitana anenggih nagri pundi ta ingkang kaeka adi dasa purwa. Eka sawiji adi linuwih dasa sepuluh purwa wiwitan. Ingkang mangka bebukaning carita lah punika Negari Hastina, ya negara ing Gajah Oya, Liman Benawi, ya ing Kurujanggala. Mila winastan nagara Hastina duking uni tilas kedhatoning Sang Prabu Hastimurti. Mila winastan Gajah oya kang yasa Prabu Gajah Oya.
Yen ngupaya satus tan antuk kalih sewu tan jangkep sedasa. Ora mokal lamun mangka bebukaning carita dhasar negara panjang, apunjung, pasir, wukir, gemah ripah, loh jinawi, karta, tata raharja. Panjang dawa pocapane punjung luhur kawibawane. Pasir samodra, wukir gunung. Pranyata Negari Hastina ngungkurake pagunungan ngeringaken bengawan nengenaken pasabinan, ngayunaken bandaran agung. Gemah kathah para nangkuda kang lumaku dedagangan anglur selur tan ana pedhote, labet datan ana sangsayane margi. Aripah kathah para janma manca negari ingkang samya katrem bebale wisma salebeting kitha Nagari Hastina, jejel apipit, bebasan aben cukit tepung taritis papan wiyar katingal rupak. Loh subur kang sarwa tinandur, jinawi murah kang sarwa tinuku. Karta para kawula ing padhusunan nungkul pangolahing tetanen, ingon-ingon kebo, sapi, pitik, iwen tan ana cinancangan rahina aglar ing pangonan lamun bengi teka bali marang kandhange dhewe-dhewe. Raharja tegese tebih parangmuka karana para mantri bupati bijaksana limpating kawruh tan kendhat denya ambudiaya kaluhuraning sri narapati. Marmaning Negara Ngastina jeneng anempuh bebasan gedhe obore padhang, jagade dhuwur kukuse, adoh kuncarane. Ora ngemungake kanan kiring kewala, senadyan ing praja maha praja kathah ingkang samya tumungkul datan sarana linawan bandayuda, amung kayungyung poyane kautaman. Bebasan ingkang celak manglung ingkang tebih mentiyung, asok bulu bekti, glondhong pengareng-areng, peni-peni raja peni, guru bakal guru dadi.
Wenang den ucapna jejuluke sang nata ajejuluk maha Prabu Duryudana, ya Prabu Suyudana, Kurupati, Jakapitana, jayapitana, Gendari suta, ya Sang Destrarastra amatmaja. Narendra berbandha berbandhu. Berbandha tegese numpuk brana picis, bebasan sakperteloning jagad kesugihane prabu Duryudana. Berbandhu tegese sugih sedulur. Nanging ana cacating sawetara denya kirang ngudi mring reh tata krami. Apa ta tandhane kadang satus kang samya nyatana ing ngugung ing sak karsanira, pramila keladuk denya duwe watak semungah sesongaran angdhahi ambeg adigang adigung ngendelaken dumeh kadang nata gung binathara.
Yen ta ginunggunga wiyare jajahan miwah luhuring kaprabon saratri tan ana pedhote. Sinigek pinunggel kang murweng kawi. Nuju ari sajuga sang nata tedhak siniwaka ing setinggil binatu rata lenggah ing dhampar dhenta ingkang pinalipit kancana, pinatik nawa retna, linamekan babut prang wedani, sinebaran sari-sari ginanda wida jebat kasturi. Ginarebek sagungin para inya biyada, badaya, srimpi, manggung, katanggung jaka palara-lara kang samya ngampil upacaraning keprabon. Banyak, dhalang, hardawalika, kacu mas, sawung, galing, dwipangga kang sarwa retna. Ginebutan laring manyura kanan kiring sumerbak gandaning sang nata dumugi pangurakan. Sirna kamnungsane yayah Sang Hyang Prabancana hangejawantah.Rep sidem premanem, tan ana sabawane walang awisik gegodongan tan ana ebah samirana datan lumampah, ingkang kapiyarsa amung swaraning abdi kriya, gending, myang kemasan ingkang nambut kardi ingkang pating carengkling imbal ganti lir mandaraga ambahi asrining swasana.
Sinten ta ingkang kepareng ngayun, mabukah muka yayah konjem bantala nenggih sang nendya mantri pangarsa, patih wasesaning negara Ngastina, kapernah paman dening sang nata, satriya ing palasa jenar nenggih Rekyana Patih Harya Sengkuni ya Raden Patih Harya Suman. Dene ingkang anjajari lenggah kapara ngarsa tuhu punika pandhita ing Sokalima peparab Resi Druna, Dhahywang Kumbayana, ya peparab Baratwajaputra. Ingkang mancorong prabane kaya lintang rina tuhu menika nalindra ing Angga ya nalendra ing Ngawangga ingkang ajejeluk Prabu Karno Basusena, Bismantaka, Talidarma. Ing pagedhonganipun Sang nata wus utusan Patih Harya Sengkuni ngglamar Dewi wara Srikandi nedya kadhaupaken lan Pandhita Durna. Dupi wus katingal sumewa adoh ing ngawe celak anggung rinaketaken ingkang paman ing kepatihan. Teka mangkana pangudyasmaraning ndriya sang Prabu Duryudana lamunta dereng kawijiling lesan.

No comments:

Post a Comment

Promo

Promo
discount
var adfly_protocol = 'https'; var popunder = true;